B. Daerah

Pertanyaan

Contoh tembang gambuh tentang adiwiyata

1 Jawaban

  • Mata pelajaran: bahasa daerah (Jawa)

    Kelas: XI SMA

    Kategori: tembang macapat

    Kata kunci: gambuh, adiwiyata

    Jawaban:

     

    Tembang gambuh kanthi tema adiwiyata

     

    Ayo para sedulur (7u)

    Rukun kanca lan ngormati guru (10u)

    Njaga karesikan lan lingkungan becik (12i)

    Kabeh mau kanggo nggayuh (8u)

    Adiwiyata sayektos (8o)

     

    Pembahasan:

     

    Tembang macapat kang uga diarani tembang cilik yaiku tembang kang duwe aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik saben sak pada. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (kecap) saben sak gatra. Guru lagu yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra. Tembang macapat ana 11 yaiku:

    Maskumambang, Mijil, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Gambuh, Dhandhanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, Pocung.

     

    Ciri-cirine tembang macapat yaiku :

    1. Gunakake pathokan guru gatra, guru wilangan, guru lagu.

    2. Basane nganggo basa Jawa enggal.

    3. Bisa ditembngke tanpa iringan gendhing.

     

    Gunane tembang macapat yaiku :

    1. Kanggo bawa tembang utawa ngiringi gendhing.

    2. Kanggo ngarang kapustakaan Jawa.

    3. Kanggo lagu pengiring kethoprak utawa wayang wong.

    4. Kanggo parikan utawa dhagelan.

     

    Tembang gambuh kalebu salah sijining tembang macapat kang duwe aturan guru wilangan lan guru lagu 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

    Ing dhuwur mau contho tembang gambuh kanthi tema adiwiyata. Inti tembung ing dhuwur ngajak para anggota pawiyatan kanggo ngupayakake adiwiyata.

     

Pertanyaan Lainnya