Seni

Pertanyaan

golekno geguritan (basa jawa) lan unsur intrinsiknya

kak tolong bantu jawab ya kak please

1 Jawaban

  • KEKASIH SUTRESNAKU
    Oleh: Hefi Rahayu

    Binareng kembeng-kembeng waspa ing mripat

    Dak sawang urubing dahana tansah mbulat
    Ngupaya nylamur pangeling-eling ngegla ing dada
    Sarimbit karo sliramu kang saiki datan ana

    Saiki aku amung ijen dhewe tanpa kanca

    Ing satengahe urip kang sepi nalangsa
    Dhewekan, tanpa sliramu ing sisihku
    Dhuh, larane rasa atiku
    Aku mbok tinggal lunga
    Panangisku ijen jroning sungkawa

    Saptasa dina aku isih brangti

    Ing sawalike lawang kamarku sepi
    Kelingan prastawa endah tansah sesandingan sliramu
    Lelakon kawuri bebarengan karo aku
    Arep daksimpen jroning kalbu
    Kekasih sutresnaku

    Pocapan pepisahan kumecap ing lathiku
    Muga-muga ngirid langkahmu ing papan katuju



    UNSUR-UNSUR INSTRINSIK

    Tema = katresnan
    Rasa = sedhih, kangen
    Lagu = kangen, sedhihswasana = sedhih
    Diksi=
    Dahana = geni
    Sungkawa = sedhih
    Brangti = kelingan
    Kalbu = ati

    Purwakanthi:
    Kembeng-kembeng
    Pengeling eling

    Amanat = kito kedah saget nglilaaken kekasih ingkang sampun ninggalaken kito. 

Pertanyaan Lainnya