Bahasa lain

Pertanyaan

deskripsi candi borobudur dalam bahasa jawa

1 Jawaban

  • Candhi Barabudhur  iku salah sawijining jeneng candhi Buddha kang ditemokaké ana ing tlatahKabupatèn Magelang, provinsi Jawa Tengah. Dunungé candhi iki kurang luwih 100 km ing sisih Kidul-Kulon saka Semarang lan 40 km ing sisih Lor-Kulonsaka Yogyakarta. Candhi iki yasané pamaréntah wangsa Syailendra ing kiwa tengening abad kaping 9 Masèhi. Candhi iki candhi panganut agama Buddha Mahayana.
     
    Candhi Barabudhur dibangun taun 750-842 AD. Nganti saiki akèh panemu bab madegé Barabudhur, kinira ginawé bebarengan karo candhi-candhi Budha kang duwèni arsitèktur mirip kayata Candhi Sari, Kalasan, Sewu, lan Plaosan sing dibangun taun 778-782 AD. Ana bukti kang tinemokaké ing sakngisoré bukit Barabudhur arupa huruf Palawa sing diukir huruf Jawa negesaké wangunan Barabudhur ginawé antarané abad 7-10 masèhi. cathetan kanthi tanggal 732 AD nyebut raja Budha saka dhinasti Syailendra, ing taun kuwi raja saka dhinasti Sanjaya (Hindu) uga duwèni panguwasa sing pada-pada unggul.
     
    Candhi-candhi Budha (Barabudhur, Mendut, Pawon) diubengi candhi-candhi Hindu ing sakiwa tengené, sisih wétan ana candi Canggal, sisih lor ana candi Sengi lan kulon madeg candi Pringapus lanSelagriya déné sisih kidul ana wangunan lingga-yoni simbul suci Hindu. Semana uga sakupengé candhi Hindu (Prambanan) madeg candhi-candhi Budha (Kalasan, Sari, Sewu, Plaosan, Sojiwan).  Borobudur madeg kanthi 3 tujuan

    simbol kasucén agama Budhaminangka monumén pamojan, lan tetenger Budhapanggonan kanggo nyimpen samubarang kang ana gayutan karo sang Budha. .

    Panjenengané biksu Narada Mahatera nandur wit Bodhi utawa ”Ficus Religiosa” utawa ”Acwata” ing komplèk Borobudur. Wit Bodhipenting kanggoné umat Budha, amarga ing sangisoré wit iki sang Budha antuk nugraha (kewahyon) dadi wong kang suci. 
    Sumber : Candhi Barabudhur 

Pertanyaan Lainnya